1. PRABU YUDHISTIRA / PUNTADEWA
Prabu Yudhistira wonten ing cerita pedhalangan Jawa inggih menika ratu jin negari Mertani, keraton Siluman. Prabu Yudhistira kagungan sedherek kandung kalih, inggih menika ; Arya Danduwacana, ingkang nguasani kasatrian Jodipati lan Arya Dananjaya ingkang nguasani kesatrian Madukara. Prabu Yudhistira ugi nggadhahi sedherek kalih ingkang kembar lan benten ibu, inggih menika; Ditya Sapujagad mapan wonten ing kasatrian Sawojajar, lan Ditya Sapulebu ing kasatrian Baweratalun. Prabu Yudhistira nggadhahi semah Dewi Rahina, putri Prabu Kumbala, raja jin negari Madukara lan garwa Dewi Sumirat. Prabu Yudhistira nggadhahi putra Dewi Ratri, ingkang saklajengipun dados garwanipun Arjuna. Nalika Mertani kasil dipun kuwaosi. Keluarga pandhawa awit daya kasekten minyak Jayengkaton gadhahanipun Arjuna peparingipun Bagawan Wilwuk/Wilawuk, naga swiwi saking pertapan Pringcendani. Prabu Yudhistira lajeng masrahaken negari sarta garwanipun dhumateng Puntadewa, pembajeng Pandawa, putra Prabu Pandu kaliyan Dewi Kunti. Prabu Yudhistira lajeng manjelma utawi nyatunggil badann wonten ing Puntadewa, ngantos Puntadewa ajejuluk prabu Yudhistira. Prabu Yudhistira rahipun pethak mralambangaken kasucenipun.
2. BIMA atau WERKUDARA
Dipun kenal kanthia asma; Balawa, Bratasena, Birawa, Dandunwacana, Nagata, Kusumayuda, Kowara, Kusumadilaga, Pandusiwi, Bayusuta, Sena, atau Wijasena. Bima menika putra kaping kalih Prabu Pandu, raja Negari Astina kaliyan Dewi Kunti, putri Prabu Basukunti kaliyan Dewi Dayita saking negari Mandura. Bima kagungan sedherek kalih inggih menika ajejuluk: Puntadewa lan Arjuna, sarta 2 sedherek benten ibu, inggih menika ; Nakula lan Sadewa. Bima kagungan sifat lan pewatekan; gagah prekosa, teguh, kuat, tabah, patuh lan jujur. Bima anggadhahi kaelokan ahli main ganda lan anggadhai sakwernining senjata kados dene; Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala, Alugara, Bargawa (kapak besar) dan Bargawasta, saklajengipun aji aji ingkang dipun gadhai inggih menika; Aji Bandungbandawasa, Aji Ketuklindu lan Aji Blabakpangantol-antol. Bima ugi nggsdhshi busana ingkang mralambangaken pengageng inggih menika; Gelung Pudaksategal, Pupuk Jarot Asem, Sumping Surengpati, Kelatbahu Candrakirana, sabuk Nagabanda lan Celana Cinde Udaraga. Saklajengipun nugraha ingkang dipun tampeni saking dewata antawisipun; Kampuh utawi kain Poleng Bintuluaji, Gelang Candrakirana, Kalung Nagasasra, Sumping Surengpati lan pupuk Pudak Jarot Asem. Bima mapan wonten ing kadipaten Jodipati, wilayah negari Amarta. Bima kagungan garwa tiga ,inggih menika :
1. Dewi Nagagini, kagungan putra Arya Anantareja,
2. Dewi Arimbi, kagungan putra a Raden Gatotkaca dan
3. Dewi Urangayu, kagungan putra Arya Anantasena.
Pungkasaning riwayatipun Bima dipun cariyosaken, seda sampurna (moksa) sesarengan sedherekipun sekawan ing pungkasaning perang Bratayuda.
3. ARJUNA
Arjuna inggih menika putra, raja negara Astinapura kaliyan dewi Kunthi/ dewi Prita, putri prbu basukunti, ratu negari Mandura. Arjuna putra kaping tiga saking gangsal sedherek tunggal bapa, ingkang dipun tepang kanthi asma Pandhawa. Kalih sedherek setunggal ibu inggih menika Puntadewa lan Bima/ Werkudara.
Saklajengipun kalih sedherek benten ibu, putra pandu kaliyan Dewi Madrim, inggih menika Nakula lan Sadewa. Arjuna satriya inggkang remen nglembara, tapa, lan meguru pados ilmu. Piyambakipun dados muridipun Resi Drona ing Padhepokan Suka Lima, lan ugi dados muridipun Resi Patmanaba saking pertapan Untarayana. Arjuna nate dados pandhita ing Goa Mintaraga, ajejuluk Bagawan Ciptaning. Arjuna dados sawung kadewatan numpes Prabu Niwata Kawaca, Ratu Raseksa saking negari Manimantaka. Awit jasanipun menika arjuna dipun tetepaken dados ratu ing Kahyangan Kaindran asesilih Prabu Karitin lan pikantuk kanugrahan awujud pusaka sekti saking para dewa antawisipun; Gendhewa (saking Bathara Indra), Panah Ardadadali (saking Bathara Kuwera), Panah Cundhamanik (saking Bathara Narada). Arjuna ugi anggadhai pusaka sakti sanesipun, antawisipun; Keris Kiai Kalanadah, Panah Sangkali ( saking Resi Durna ), Panah Candranila, Panah Sirsha, Keris Kiai Sarotama, Keris Kiai Baruna, Keris Pulanggeni ( dipun paringaken Abimanyu ), Terompet Dewanata, Cupu isinipun lisah Jayengkaton ( peparingipun Bagawan Wilawuk saking pertapan Pringcendani ) lan Kuda Ciptawilaha kaliyan Cambuk Kiai Pamuk. Lajeng aji aji ingkang dipun gadhai arjuna antawisipun: Panglimunan, Tunggengmaya, Sepiangin, Mayabumi, Pengasih lan Asmaragama. Arjuna nggadhahi 15 garwa lan 14 putra. Para garwa lan putra putranipun inggih menika:
1. Dewi Sumbadra , peputra Raden Abimanyu.
2. Dewi Larasati , peputra Raden Sumitra dan Bratalaras.
3. Dewi Srikandi
4. Dewi Ulupi/Palupi , peputra Bambang Irawan
5. Dewi Jimambang , peputra Kumaladewa dan Kumalasakti
6. Dewi Ratri , peputra Bambang Wijanarka
7. Dewi Dresanala , peputra Raden Wisanggeni
8. Dewi Wilutama , peputra Bambang Wilugangga
9. Dewi Manuhara , peputra Endang Pregiwa dan Endang Pregiwati
10. Dewi Supraba , peputra Raden Prabakusuma
11. Dewi Antakawulan , peputra Bambang Antakadewa
12. Dewi Maeswara
13. Dewi Retno Kasimpar
14. Dewi Juwitaningrat , peputra Bambang Sumbada
15. Dewi Dyah Sarimaya.
Arjuna ugi gadhahi busana ingkang mralambangaken pengageng inggih menika ; Kampuh/Kain Limarsawo, Sabuk Pinggang Limarkatanggi, Gelung Minangkara, Kalung Candrakanta lan Ali ali Mustika Ampal (kala rumiyin kagunganipun Prabu Ekalaya, raja negari Paranggelung).
Arjuna ugi kagungan dasanama lan jejuluk, antawisipun ; Parta , Janaka (gadhahi garwa kathah), Pemadi (bagus), Dananjaya, Kumbaljali, Ciptaning Mintaraga (pendeta suci), Pandusiwi, Indratanaya (putra Bathara Indra), Jahnawi (gesit trengginas), Palguna, Danasmara ( perayu ulung ) dan Margana ( remen tetulung ).
Arjuna nggadhai sifat lan watek ; lantip, anteng, teliti, sopan-santun, kendel dan seneng ngayomi ingkang ringkih.
Arjuna mimpin Kadipaten Madukara, ing wewengkon negari Amarta. Saksampunipun perang Bhatarayuda, Arjuna dados raja ing Negari Banakeling, kala rumiyin kraton Jayadrata.
Pungkasaning riwayatipun Arjuna dipun cariyosaken, seda sampurna (moksa) sesarengan sedherekipun sekawan.
4. NAKULA
Nakula ugi dipun sebat akanthi asma Pinten( nama thethukulan ingkang ronipun saged kangge obat ) inggih menika putra kaping sekawanipun Prabu Pandudewanata, raja negari Astina kaliyan prameswari Dewi Madrim, putri Prabu Mandrapati kaliyan Dewi Tejawati, saking negari Mandaraka. Nakula lahir kembar ;Sahadewa utawi Sadewa (pedalangan Jawa), Nakula ugi nggadhahi sedherek 3 tunggil bapa , putra Prabu Pandu kaliyan Dewi Kunti, saking negari Mandura asesilih; Puntadewa, Bima/Werkundara lan Arjuna. Nakula punika titisan Bathara Aswi, Dewa Tabib. Nakula mahir nunggang kuda an pinter ngginakaken senjata panah lan lembing. Nakula mboten badhe supe kaliyan sedaya ingkang dipun mangertosi ,sebab puyambakipun nggadhahi Aji Pranawajati peparingipun Ditya Sapujagad, Senapati negari Mretani. Nakula ugi nggadhahi cupu isinipun, “Banyu Panguripan atau Air kehidupan” (tirtamaya) peparingipun Bhatara Indra. Nakula anggadhahi watak jujur, setya, taat, welas asih mangertos mbales kabecikan lan saged nyimpen wadi. Nakula mapan wonten kesatrian Sawojajar, wilayah negari Amarta. Nakula anggadhahi garwa 2 inggih menika:
1. Dewi Sayati putri Prabu Kridakirata, raja negaraiAwuawulangit, lan
Pinaringan putra 2 inggih menika; Bambang
Pramusinta lan Dewi Pramuwati.
2. Dewi Srengganawati, putri Resi Badawanganalabulus raseksa
Wonten lepen/narmada Wailu (manut Purwacarita,
Badawanangala dipun tepang raja negari Gisiksamodra/Ekapratala)
lan pinaringan putraa pawestri kanthi asesilih Dewi Sritanjung.
Nakula pikantuk kanugrahan awujud cupu pusaka isinipun toya panguripan ; Tirtamanik. Saksampunipun rampung perang Bharatyuda, Nakula dipunangkat dados raja negarai Mandaraka jumbuh kaliyan amanatipun Prabu Salya sedherek sepuhipun ibunipun, Dewi Madrim. Pungkasanipun, Nakula seda moksa sesarengan sedherekipun sekawan.
5. SADEWA utawi Sahadewa
Sadewa dipun sebat ugi kanthi nama Tangsen (woh saking thethukulan ingkang ronipun saged kangge obat) inggih punika putra wuragilipun Prabu Pandudewanata, raja negari Astina kaliyan prameswari Dewi Madrim, putri Prabu Mandrapati kaliyan Dewi Tejawati saking negari Mandaraka. Piyambakipun lahir kembar kaliyan Nakula. Sadewa ugi nggadhahi sedherek 3 tunggil bapa, putra Prabu Pandu kaliyan Dewi Kunti, saking negai Mandura, ingkang asma; Puntadewa, Bima/Werkundara lan Arjuna. Sadewa punika titisanipun Bathara Aswin, Dewa Tabib. Sadewa pinter ngilmu kasidan (Jawa) mistikus. Mahir menunggang kuda lan mahir ngginakakenn senjata panah lan lembing. ugi sekti sanget, Sadewa ugi nggadhahi Aji Purnamajati peparingipun Ditya Sapulebu, Senapati negari Mretani ingkan khasiatipun ageng; saged mangertos lan enget kanthi gamblang sedaya lelampahan. Sadewa nggadhahi watak jujur, setya, taat, welas asih, mangertos mbales kabecikan lan saged nyimpen wadi . Sadewa mapan wonten kesatrian Bawenatalun/Bumiretawu, wewengkon negari Amarta. Sadewa nggarwa kaliyan Dewi Srengginiwati, adik Dewi Srengganawati ( garwanipun Nakula), putri Resi Badawanganala, bulus raseksa ingkang mapan wonten ing lepen /narmada Wailu (manut Purwacarita, Badawanangala dipun tepang raja negara Gisiksamodra/Ekapratala). Saking garwa menika gadhah putra asesilih Bambang Widapaksa/ Sidapaksa). Saksampunipun perang Bharatayuda, Sedewa dados patih negari Astina ndhampingi Prabu Kalimataya/Prabu Yudhistrira. Pungkasanipun , Sahadewa seda moksa sesarengan para sedherekipun sekawana .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar